Subscribe:

Ads 468x60px

Sunday 1 January 2017

Ki Hajar Dewantara nyerat Als ik een Nederlander was



Ki Hajar Dewantara (materi bahasa Jawa kelas 9)
Dinten pendidikan nasional dipunpengeti saben tanggal 2 mei, adhedhasar tanggal saha wulan kalairanipun Ki Hajar Dewantara. Dinten pendidikan nasional menika katetepaken dening pamarentah republik Indonesia nalika tanggal 16 Desember 1959, minangka tandha panuwun saking pamarentah dhateng Ki Hajar Dewantara ingkang saestu ageng labuh labetipun tumrap bangsa Indonesia, mliginipun ing babagan pendidikan.
Ki Hajar Dewantara utawi Raden Mas (RM) Suwardi Suryaningrat menika putranipun Raden Ajeng (RA) Sandiah kaliyan Raden Kanjeng Pangeran Harya Suryaningrat, putranipun Sri Paku Alam III. Nalika jaman penjajahan walandi, RM Suwardi Suryaningrat kaanggep mbebayani awit ngedegake Perguruan Tamansiswa minangka punjering ngelmi politik, kabudayan, saha pendidikan. Menapa malih nalika nyerat Als ik een Nederlander was (andaikan aku orang belanda). Buku menika wujud protes dhateng pamarentah walandi. Panjenenganipun lajeng kacepeng, kasingkiraken kanthi ukum bucal ing nagari walandi. Kajawi menika panjenenganipun ugi kedah nilar gelar bangsawanipun.
Sasampunipun nindakaken ukum bucal, panjenenganipun kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewantara. Ki hajar Dewantara sinebat Bapak Tamansiswa, bapak pendidikan, ugi budayawan kawentar. Ki Hajar Dewantara nate kaparingan gelar Doktor Honoris Causa dening M.Sarjito, rektor UGM, nalika tanggal 19 Desember 1956. Gelar menika kaparingaken awit Perguruan Tamansiswa nindakaken sistem pendidikan nasional minangka sarana nggayuh kabudayan nasional.

No comments:

Post a Comment